20/08/2021
from
•••
Sesuk aku pengen maem rujak cingur maneh aahk. Wayahe pesen rujak langganan ryjak legendaris yo Rujak Delta. Bahane kabeh kualitas wahid sing d gawe. Petise Manteb, Cingure Resik. Aku lek pesen biasane matengan rek.. opo iku matengan ??? Rujake isine yo sing mateng mateng, koyok tempe, kulupan, cingur, tahu. Iso yo pesen sing gak matengan. Biasane ak makan rujak cingur Delta iku nang Delta Plaza, jenenge Yo rujak delta panggon awale ya nang Delta Plaza. Tapi sesuk ak makan rujake sing Panggone Nang Kayun tepak sabrangane Pom Bensin Kayoon.. regone ambek rasane PAAAS KOK JAMIN!! Nang kono ya akeh pilihan rujake, onok rujak manis, rujak gobet, rujak tolet ambek akeh makanan liyane. Wes budalo rek mrono.. lek wedi ambek Coronce, gampang Bukaen aplikasi Grab Food mu. Golek ono rujak Delta sing alamate kayun. Cuuuz ndang order sesuk yooo. Jok lali lomboke sing akeh, mangan rujak lek gak pedes yo gak sip reek.