Mie Ayam Maregi Cipto Roso

Mie Ayam Maregi Cipto Roso Mie ayam enak di Jogja

14/07/2020
Jenenge Mas Bambang, pawakane necis. Rambute piyak pinggir nganggo tanco, sepatune sneaker, jam tangane meling-meling, k...
17/06/2020

Jenenge Mas Bambang, pawakane necis. Rambute piyak pinggir nganggo tanco, sepatune sneaker, jam tangane meling-meling, klambine polo lorek koyo atlit golf.

Pancen wis pirang dina iki Mas Bambang kerep dolan warung. Yen ora salah krungu, Mas Bambang lagi ngajari Mas Tri cara dodolan online.

Ndelok rupane Mas Tri koyoke gek serius ngrungokke Mas Bambang. Tapi mbok yakin mesti Mas Tri radong. Ha retine online ki mung "Heyo wasap bro", "Halo gaes", karo "Oh Yes, Oh No".

"Dadi ngene lho Tri, saiki jaman online kabeh. Meh adol uyah wae yo wes akeh do online je," jare Mas Bambang.
"Ha njug, Yen aku online ngono isoh cepet sugih ra, Mbang?"
"Iso Tri, dodol online ki iso sugih cepet."
"Tenan ra we? Ra kecu lho we. Terus pie kui, Mbang?"
"Tenan yo Tri. Ki lho tak duduhi."

Nganggo hpne, Mas Bambang nduduhi pamflet seminar bisnis.

"Njug?"

Neng pamflet kui dijelasne ono foto wong-wong sukses bar melu seminar iki. Mas Tri soyo tambah tertarik lan penasaran.

"Gampang ra?? Nah saiki ndaftar sek ben iso sukses koyo poto wong neng gambar iki."
" Melu o Tri, yen sukses koe ngko iso mlaku-mlaku neng negorone Maradona."
"Ha mbayar e, Mbang?"
"Lohh...mung 1,5 yuta terus koe ngko oleh buku dodolan ngono lho."

Ndelok regane s*k mayan, Mas Tri langsung mbleret sajak wes langsung ra minat tapi yo ketoke Mas Tri gek mikir carane nolak alus ben Mas Bambang ora nesu.

"Sek Mbang... Yen semono aku ketoke gek ra nduwe e. Ha mothigku entek e mo bengi nggo masang lotre trus ra tembus e. Paet tenan."

"Hess..pethuk tenan koe Tri. Kahanan gek susah ngene malah tuku lotre. Payah... Payah.."

Mas Bambang sajak wes ra semangat mbasan Mas Tri ngomong yen dhuwite entek. Sajake pirang-pirang dina iki mrospek Mas Tri ujung-ujunge gagal total.

Ning njero ati aku yo prihatin tapi yo ngakak ndelok polahe Mas Tri s*k ono-ono wae.

13/06/2020
Ki lho mie ayam baksone Maregi gaweane Mas Tri.Sek sek... Tak critani s*kek sakdurunge pesen...Yen koe pesen lan mangan ...
11/06/2020

Ki lho mie ayam baksone Maregi gaweane Mas Tri.
Sek sek... Tak critani s*kek sakdurunge pesen...

Yen koe pesen lan mangan mie ayam bakso iki jelas kudu mbok ngerteni yen menu iki ora bakal nggawe koe iso balikan karo mantanmu.

Mut! Rasah kakean kekarepan soale ngko ndhak mung gawe kowe kuciwa.

Mas Tri ora dodolan mie ayam bakso sek nduwe efek koyo sing diceritakna ning ndhuwur kui. Mas Tri mung dodolan mie ayam bakso s*k nggawe kowe wareg lan regane pas karo mothigmu.

Aku mung nyritani lho yaa, rasah njug mbesengut koyo kumbahan ngono. Yen golek obat patah hati merga ditinggal rabi mending dolano neng pasar kewan opo pijet, sopo reti iso lali karo dheweke.

Ra percoyo? Cobanen dhewe...


Mas Tri sambat amarga rega brambang mundhak. Brambange luwih cilik tinimbang kenthos, marakke le ngonceki kangelan. Tapi...
04/06/2020

Mas Tri sambat amarga rega brambang mundhak. Brambange luwih cilik tinimbang kenthos, marakke le ngonceki kangelan. Tapi ya untung wae Mas Tri oleh rega brambang luwih murah tinimbang neng wetan pasar.

Ndelok Mas Tri le ngonceki brambang sajake kangelan, taksaranke dheweke nyetel mus*k saka youtube ben ra sambat kesel.

Lading sing nggo ngonceki brambang diselehne neng nduwur meja, terus dheweke utak-utik milih salah siji lagu.

"Iki jenenge ndangdut gedrug, referensi seko bengkel motor langgananku, ndes!" jare Mas Tri.

"Le nyethel nganggo salon, mbok masyokk, ndes."

Jarene, mus*k sing koyo dheweke rungokke kui kondhang neng cah-cah enom ndesane, opo maneh yen biduane memel ples suarane ncen apik, terus nggawakke lagu 'ngidam pentol' mesti kerep ditanggap pas kampanye pilihan dukuh opo lurah.

Soyo gayeng maneh yen ono tukang senggak e, senajan mesti ya ora let sue do senggel dhewe-dhewe. Mbuh s*k rese merga lodse, kes*kut, apa merga ana lanangan s*k nom-noman e ra sengaja kesamul lanangan liya, dadi salah siji sumber keributane.

Pas meh nglanjutke crita, hape warung e Mas Tri muni.

"S*k yo ndes, tak ngedoli pesenan onlen... Mayan 3 porsi Mie Ayam Bakso e."

Mas Tri ketok seneng oleh orderan. Tak delok brambange ya wes oleh akeh sing wis rampung dionceki. Ha ha ha... Ncen butuh konco crito og.. Hesh!! ---


Mas Tri meh mudik neng Klaten sek, meh ba'da ndhisek karo sisan meh nyervis motor, soale ket wingi motor kesayangane rew...
23/05/2020

Mas Tri meh mudik neng Klaten sek, meh ba'da ndhisek karo sisan meh nyervis motor, soale ket wingi motor kesayangane rewel wae.

Dikon ngedol karo juragane sajake eman-eman, padahal niate juragane ki ben ora metu duit terus pendak sasi. Ealah, jenenge wis tresna karo sesuatu yo mesthine wedi kelangan.

Yawes, s*k penting kowe seneng lan yen dodolan ora mrengut koyo kumbahan wae orak dadi masalah. Merga yen koe mrengut, mie ayam'e sok lali ora mbok wenehi ayam karo 'nyok-nyok' kasinan.

Eh, yen kowe pas mampir warung, Mas Tri lali ra wenehi ayam neng mangkok pesenanmu, karo rasane kurang 'nendang', DM po WhatsApp aku yo lurr... Ben tak andanane, mbok-mbok motore mas Tri gek rewel dadi butuh kanca crita.

Pokoke, mbok ijolke karo Mas Tri wae lur ben sesuai pesenan, njaluk wae kon genti mie ayam'e merga 'kasinan', lali ra diwenehi ayam, opo sawine kurang wuakeh, ngomong wae neng Mas Tri langsung.

Wes ngono s*k ya lur,,, pegel tenan tangane ngetik neng hp. Nyeritakna Mas Tri ki cen ra ono entek'e... hess... jak kosek og.

Mie Ayam Maregi Cipto Roso Libur dulu ya Lur, buka lagi tanggal 29 Mei 2020.
Selamat Hari Raya Idul Fitri Mohon Maaf Lahir dan Batin. SUGENG RIYADHI MENAWI LEPAT NYUWUN PANGAPUNTEN 🙏🙏🙏

Untuk memeriahkan Hari Kemerdekaan Republik Indonesia yang kita cintai. Boeng & Nona, mari kita mie ayam lagi!
16/08/2019

Untuk memeriahkan Hari Kemerdekaan Republik Indonesia yang kita cintai. Boeng & Nona, mari kita mie ayam lagi!

Address

Jalan Gejayan Soropadan XII, Kaliwaru, Condongcatur, Kec. Depok
Sleman
55281

Opening Hours

Monday 17:30 - 05:00
Tuesday 17:30 - 05:00
Wednesday 17:30 - 05:00
Thursday 17:30 - 05:00
Friday 17:30 - 05:00
Saturday 17:30 - 05:00
Sunday 17:30 - 05:00

Telephone

+628998325690

Website

Alerts

Be the first to know and let us send you an email when Mie Ayam Maregi Cipto Roso posts news and promotions. Your email address will not be used for any other purpose, and you can unsubscribe at any time.

Contact The Business

Send a message to Mie Ayam Maregi Cipto Roso:

Share

Category